Langsung ke konten utama

Postingan

Artikel Njaga Kalestarian Lingkungan Alam

 Njaga Lingkungan Alam SMA Muhammadiyah 4 Porong Tetep Lestari SMA Muhammadiyah 4 Porong yaiku salah siji lembaga pendhidhikan sing ana ing Porong. Sekolah iki manggon ing tengah-tengah sawah, nduweni gedhung sing megah, lan lahan sing amba. Nanging kondisi lingkungan sekolah isih durung asri. Ora mung kuwi, larahan plastik uga isih kececer ing sakupenge sekolah. Bisa dibayangake menawa larahan kasebut nganti mbuntoni saluran banyu, bisa nyebabake iline banyu ora lancar. Menawa kependhem ing lemah, kamangka plastik angel diurai mula iki bisa dadi residu. Yen kedadean kasebut terus-terusan, kesuburan lemah bisa mudhun lan tanduran ora bisa tuwuh kanthi apik. Yen lingkungan ora dijaga, hawa sakupenge dadi panas lan warga sekolah dadi ora nyaman. Banjur sapa sing kudune tanggung jawab tumrap kalestarian sekolah kasebut? Banjur apa sing kudu dilakoni supaya lingkungan sekolah katon resik, endah, asri, lan nyenengake sapa wae sing ndheleng?  Masalah karesikan lan kalestarian l...

HARI INI KAMI DENGARKAN SUARA HATINYA

 HARI INI KAMI DENGARKAN SUARA HATINYA Hari ini, saya bersama beberapa rekan guru melakukan kunjungan rumah kepada salah satu siswa. Sebuah kunjungan sederhana, namun meninggalkan rasa yang begitu dalam di hati. Kami disambut hangat oleh kedua orang tuanya. Di hadapan kami, duduk seorang anak yang selama ini dikenal pendiam. Sudah beberapa minggu terakhir, senyumnya nyaris tak terlihat. Bahkan untuk sekadar berbicara pun terasa begitu sulit baginya. Di sekolah, banyak pertanyaan muncul—mengapa ia sering terlambat, meninggalkan pelajaran, tidak mengikuti BTQ, hingga memilih diam dari lingkungan sekitarnya. Semua itu seolah menjadi teka-teki yang belum menemukan jawaban. Dan hari ini, perlahan semuanya mulai terbuka. Dengan suasana yang tenang dan penuh penerimaan, akhirnya ia mulai berbicara. Satu demi satu alasan yang selama ini dipendamnya keluar dengan jujur. Kami mendengarkan, orang tuanya mendengarkan, dan untuk pertama kalinya mungkin ia merasa benar-benar dipahami. Ternyata, ...

Artikel Rempah-Rempah lan Masakan Khas Indonesia

  Rempah-rempah lan Masakan Khas Indonesia Indonesia wis kondang ing masyarakat manca amarga sugih rempah-rempah. Kayata merica, ketumbar, pala, kunir, jahe, laos, lan liya-liyane. Amarga sugih rempah kasebut, para leluhur jaman biyen wis biasa masak nganggo bumbu alami saka rempah-rempah mau. Ora ana wong sing ora ngerti enake masakan Indonesia. Apa maneh para turis manca negara, saben teka menyang Indonesia mesthi ora tau nglalekna panganan khas Nusantara, upamane rawon, soto, pecel, daging bumbu lapis, bakso, rendang, lan sapanunggalane. Menawa Surabaya dikenal karo rawon lant ahu campur, kepriye karo Yogyakarta? Sapa   sing tau menyang Kutha Yogyakarta ? Lha kae mesthi ngerti panganan khasé kang diarani gudeg . Gudeg digawe saka woh nangka enom sing diiris tipis-tipis, banjur diumbah lan digodhog nganggo santen lan bumbu rempah pilihan . Rasane gurih, legi, lan wangi khas santen areh. Sepisan mangan, mesthi marakna kangen. Dudu amarga nyandu, nanging rasane pancen ngange...

ARTIKEL JAJANAN TRADHISIONAL SUNDUK URUT

                        Jajanan Tradisional: Sunduk Urut Saiki akeh para remaja sing wis arang ngerti lan kenal karo jajanan tradhisional. Jajanan ndesa kayata jemblem, pethola, lepet, rukuk-rukuk, berubi, nganti sunduk urut saya suwe saya dilalekaké. Kamangka, jajanan iki nduwèni rasa khas lan cara gawe sing unik banget. Sunduk urut iku jajanan tradhisional saka pohong sing disajèkaké kanthi cara disunduk utawa ditusuk nganggo sada utawa sunduk sate. Jenengé “urut” amarga nalika mangan kudu diurut saka pucuk nganti entek. Bahan lan Cara Nggawe Nggawe sunduk urut sejatine ora angel, mung wae butuh tenaga luwih kanggo marut pohonge. Mangkene carane: 1.   Ngolah Pohong o     Pisanan, pohong dionceki lan diumbah resik. o     Sawisé iku ditus supaya banyune ora katut kaolah. o     Pohong banjur diparut nganggo parut...

Jebule Lha kok nangis

 Isuk nalika srengenge molai mlethek, kanthi kesusu aku mangkat makarya. Kaya biyasane, sadurunge briefing aku tansah mbukak laptop lan nyiapi perangkat ngajarku. Banjur tumuju ruang perpustakaan butuhe ngaji bareng kanca-kanca seperjuangan. Kuwi tujuane supaya entuk berkah lan diwenehi lancar dening Allah Kang Maha Kuasa olehe kita mulang uga ndhidhik para siswa.  Bubar ngaji BuPala nggagas perangkat mulang..ngelingake tugas lan kewajiban para guru. Pancen angel, menawa bayaran njaluk pas wektu. Ananging yen ngenani penggawean mesthi semaya. Kok yo iso tumindak kaya mengkono iku lho.  Durung nganti rampung olehe BuPala ngendika ... Ana kang matur,..nggen kula kantun ngprint mawon kok. Tak sambung olehku mangsuli. Kadose ingkang sampun ngempalaken wonten 4; Bu A, Bu B, Bu C, lan kula piyambak. Nyelethuk sawijining guru matur..."Kula sampun kok  ..pun dangu kula kempalaken. Kayane durung ditapak asma dening BuPala. Mula BuPala ora menehi panegasan menawa guru kasebut ...

Asa dan Harapan Sang Pejuang

 Sore itu langit nampak merah jingga. Di sepanjang jalan berdiri tegak surau-surau tempat menampung doa-doa yang mengalun lembut dan syahdu. Dahulu di tanah inilah telah terdengar pekik "MERDEKA" yang sellu menggetarkan udara. Seluruh warga laki dan perempuan berseru dengan gema takbir sebagai wujud syukur kepada Sang Khaliq. Mereka menengadakan kedua tangan le arah langit, yakin bahwa esok kan lebih indah dari hari ini.  Namun kini, keadaan telah berubah. Suara do'a nan lembut tertutup oleh deru knalpot yang sangat memekikkan telinga. Segerombolan pemuda congkak berdiri di tepi jalan dengan tatapan kosong tak mempedulikan panggilan sholat yang telah berkumandang. Mereka membiarkan begitu saja seolah waktu tak lagi berarti. Mereka tertawa berteriak keras tanpa etika.  Di antara deru angin senja, seakan terdengar suara dari masa lalu....Suara seorang pejuang yang pernah mempertaruhkan nyawanya untuk tanah air ini.  "Wahai Wahai pewaris perjuanganku, di manakah letak h...

Antara Asa dan Harapan

 Antara Asa dan Harapan Pekik merdeka telah dikumandangkan, rakyat berseru seraya bertakbir penuh syukur. Berjajar surau di sepanjang jalan, berdiri sebaris insan sedang menghamba. Namun suara knalpot terus menderu, tak peduli bedug tengah bertalu. Para pemuda congkak berdiri memaku, membisu pada panggilan waktu. Wahai pewaris perjuanganku, di manakah letak hati nuranimu? Akankah darah suciku kau tukar dengan kegamangan hidupmu? Begitu tega kau hancurkan harapanku, sejengkal tanah  kupertaruhkan nyawaku telah kau rusak dengan nafsu serakahmu

Cerpen "Keseharianku" Oleh Siti Maimunah

 Tak ubahnya manusia pada umumnya, terkadang rasa capek mendera dalam diriku. Ingin rasanya aku tidur sepanjang hari, aku rebahkan tubuh mungilku di kasur kesayanganku. Namun lagi-lagi pikiran melayang; pekerjaan telah menanti sentuhan jari-jari kecilmu. Aku ambil charger laptop yang senantiasa berada di dalam tasku "Acer"ku. Aku tancapkan ke laptop yang telah duduk di meja kerjaku.  Seperti biasa, sambil mendengarkan lagu-lagu lawas tahun 80-an saat aku masih berada di bangku SMP dulu....jemariku mulai menari-nari di atas keyboard merangkai kata demi kata, kalimat demi kalimat..sambil sesekali mendendangkan lagu burung camar, citra biru, bahkan dangdutnya Camelia Malik. Aaaah itu hanya sekedar menghilangkan kepenatan saja,..karena hari-hariku cuma itu-itu saja setiap pagi berangkat dari rumah menuju ke satu tempat yang sama. ...biarpun begitu aku tidak pernah merasakan kebosanan. .. Suatu pagi saat aku berangkat kerja, seseorang menghampiriku dan berkata: "Tak bosankah ...

Hawa Seger Ing Wayah Isuk

                                        Sawise sholat subuh aku nginguk ing njaba omah. Pedhut  isih  kandel, langite katon peteng banget, lan hawane adhem njedhidhing. Nalika cendhela omah dibukak rasane seger. Ora bisa dibayangake menawa ana ing dhaerah pegunungan kepiye rasane. Uuh, pikiran dadi plong, dadi lali pakaryan  sakambreg  sing durung dirampungake.          Saka kadoan aku krungu swara manuk sing ting cruit. Cit..cit…cit..cuit…saut-sautan, apik tenan kaya swarane music.  Ing taman mulai katon kupu padha menclok ing dhuwure kembang. Rupane warna-warni; ana sing ireng semu coklat, ireng semu oranye, ireng semu abang, ireng semu ungu lan ijo, lan liya-liyane. Suwiwine katon ngawe-awe kaya bocah cilik sing lagi nari. Ora mung kuwi, kupu-kupu kuwi kaya padha omong-omongan karo kancane, ora kal...

Cerkak "Mangan Sega Berkat"

 Wayah bengi hawane adhem banget, ing batinku: waduh rasane enak banget yen ana wong neri panganan anget-anget apa maneh weteng wis kemrucuk. Ora let suwe wektu iku ujug-ujug ana sedulur sing ngeteri sega berkat. Alhamdulillah rejeki, kabeh sing ana ing omah dak undang dak ajak mangan bareng.  Nalika sega berkat dibuka,..wih ana lawu pitik dibumbu abang, oseng buncis, ndog asin, lan perkedel. Terus ing kerdos sijine ana rukuk-rukuk, apem, apel, pear, jeruk, lan gedhang. Jan buah karo jajane gedhe-gedhe tenan. Berkat saka ndesa pancen ora ana sing mini, kabeh sarwa gedhe lan marakno tumrap marem sapa wae sing mangan.  Mangan sega berkat mbok menawa ana barokahe dhewe, rasane enak banget tur maregi. Apa maneh ing kono disediani teh pucuk, wiiih tambah sip ae mangane. Aku miwiti mangan segane karo oseng buncis lan perkedele,...beda rasane kaya berkat sing biasane dak pangan. Lagek mangan sak pulok, aku ngomentari panganan kasebut, "Bumbune jan krasa tenan, gurih, sedhep, man...

Cerkak "Tuwuhing Katresnan ing Mangsa Rendheng"

Julia bocah wadon saka Desa Pandan dikenal minangka bocah kang nyemanak tumrap tangga-tanggane. Kabeh nduweni penilaian yen Yulia kuwi apikan, seneng weweh, lan ora pilih-pilih kanca. Senadjan dheweke calon dokter, ayu, pinter, lan saka keluarga sing sugih nanging ora sombong. Saben bocah lanang sing kenal Yulia, mesthi  kesengsem.  Saiki wis molai mangsa rendheng. Sabendina udan ora ana lerene. Ing salah sawijining dina, sore meh maghrib Yulia siyap-siyap mangkat menyang masjid. Amarga isih grimis dheweke ora ndang menyang. Grimise saya suwe saya gedhe-gedhe. Wektu iku dheweke lungguhan ing kursi teras omahe sinambi ngenteni udan terang. Tinimbang mung meneng, Qur'an kang diwadahi tas ditokake lan diwaca. Suarane nyaring banget. Ora nggumun, pancen keluargane turunan penyanyi langgam Jawa lan pinter qiro'ah. Lan dheweke tau dadi  juara qiro'ah ing Kecamatan Gentengkali nalika isih SMP biyen. Maca durung tutug, ujug-ujug ana wong uluk salam butuhe melu ngayup, "Assalam...

artikel

1.       Struktur artikel Artikel kasusun saka kadadeyan kang misuwur ing tlatah, banjur dikawitake karo aturan kang ana. Biyasane tulisan artikel isine bab opini panulis kang medharake sawijining prakara tartamtu sing asipat actual lan tarkadhang controversial kanthi tujuwan kanggo menehi pangerten (informative), persuasive, argumentative, lang panglipur kanggo pamaca. Struktur artikel: a.        Judul minangka wakil saka tema kang bakal diandharake b.       Pambuka medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake c.        Penjelas ngandharake saka pokok pikiran utama dadi pikiran penunjang. Saben pokok pikiran penunjang kasebut digawe ing saben pada. Saben pada   dihubungake kanthi jembatan pikiran sing kuat. Hubungan antarane pada bisa asipat; kronologis (wektu), spasial (ruang), kausalitas ( sebab akibat) d.       Pa...