Sawise sholat subuh aku nginguk ing
njaba omah. Pedhut isih kandel, langite katon peteng banget, lan
hawane adhem njedhidhing. Nalika cendhela omah dibukak rasane seger. Ora bisa
dibayangake menawa ana ing dhaerah pegunungan kepiye rasane. Uuh, pikiran dadi
plong, dadi lali pakaryan sakambreg sing durung dirampungake.
Saka kadoan aku krungu swara manuk sing
ting cruit. Cit..cit…cit..cuit…saut-sautan, apik tenan kaya swarane music. Ing taman mulai katon kupu padha menclok ing
dhuwure kembang. Rupane warna-warni; ana sing ireng semu coklat, ireng semu
oranye, ireng semu abang, ireng semu ungu lan ijo, lan liya-liyane. Suwiwine
katon ngawe-awe kaya bocah cilik sing lagi nari. Ora mung kuwi, kupu-kupu kuwi
kaya padha omong-omongan karo kancane, ora kalah karo manuk sing miber ting
kleper.
Ora krasa jam ing ruwang tengah omahku
muni tang teng nganti ping enem. Ibuku nimbali aku, “Dina, kowe durung sholat
Subuh toh?”. Aku mangsuli saka ngarep omah, “ Sampun Bu, kula sampun sholat kala
wau. Smangke kula taksih kepingin teng njawi rumiyin, teng mriki hawane asrep
sanget. Kraos sekeco teng ati lan
piikiran kula”.
Ibu banjur mlaku cedhaki aku, “
Ehmmmm, suegeeer tenan hawane isuk iki. Senadyan rada njedhidhing, nanging
krasa kepenak ing awak”. Senadyan ibu mung ngomong karepe dhewe, aku krungu lan
nyauti “Bu, menawi mlampah-mlampah sareng pripun Bu. Mumpung taksih enjing,
srengenge nggeh nembe mlethek. Kan mboten kraos benter?”. Ibu mangsuli “ Yo
ayo, kono bapak diaturi pisan… ayo mlaku-mlaku dhisik sadurunge tumandang
reresik omah”.
Komentar
Posting Komentar