Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2026

Artikel Njaga Kalestarian Lingkungan Alam

 Njaga Lingkungan Alam SMA Muhammadiyah 4 Porong Tetep Lestari SMA Muhammadiyah 4 Porong yaiku salah siji lembaga pendhidhikan sing ana ing Porong. Sekolah iki manggon ing tengah-tengah sawah, nduweni gedhung sing megah, lan lahan sing amba. Nanging kondisi lingkungan sekolah isih durung asri. Ora mung kuwi, larahan plastik uga isih kececer ing sakupenge sekolah. Bisa dibayangake menawa larahan kasebut nganti mbuntoni saluran banyu, bisa nyebabake iline banyu ora lancar. Menawa kependhem ing lemah, kamangka plastik angel diurai mula iki bisa dadi residu. Yen kedadean kasebut terus-terusan, kesuburan lemah bisa mudhun lan tanduran ora bisa tuwuh kanthi apik. Yen lingkungan ora dijaga, hawa sakupenge dadi panas lan warga sekolah dadi ora nyaman. Banjur sapa sing kudune tanggung jawab tumrap kalestarian sekolah kasebut? Banjur apa sing kudu dilakoni supaya lingkungan sekolah katon resik, endah, asri, lan nyenengake sapa wae sing ndheleng?  Masalah karesikan lan kalestarian l...