Langsung ke konten utama

Artikel Rempah-Rempah lan Masakan Khas Indonesia

 Rempah-rempah lan Masakan Khas Indonesia

Indonesia wis kondang ing masyarakat manca amarga sugih rempah-rempah. Kayata merica, ketumbar, pala, kunir, jahe, laos, lan liya-liyane. Amarga sugih rempah kasebut, para leluhur jaman biyen wis biasa masak nganggo bumbu alami saka rempah-rempah mau. Ora ana wong sing ora ngerti enake masakan Indonesia. Apa maneh para turis manca negara, saben teka menyang Indonesia mesthi ora tau nglalekna panganan khas Nusantara, upamane rawon, soto, pecel, daging bumbu lapis, bakso, rendang, lan sapanunggalane.

Menawa Surabaya dikenal karo rawon lant ahu campur, kepriye karo Yogyakarta? Sapa  sing tau menyang Kutha Yogyakarta? Lha kae mesthi ngerti panganan khasé kang diarani gudeg. Gudeg digawe saka woh nangka enom sing diiris tipis-tipis, banjur diumbah lan digodhog nganggo santen lan bumbu rempah pilihan. Rasane gurih, legi, lan wangi khas santen areh. Sepisan mangan, mesthi marakna kangen. Dudu amarga nyandu, nanging rasane pancen ngangeni.

Beda gudeg, beda maneh karo bandeng presto. Masakan iki misuwur ing Semarang lan Sidoarjo. Yen dipangan kanggo sarapan  sega anget, sambel terasi, lan lalapan,  sega sawakul kayane ora cukup. Coba, ana sing tau masak bandeng presto apa durung? Yen kepengin mangerteni carane nggawe bandeng presto, bisa mbukak YouTube utawa langsung pinuju  Semarang utawa Sidoarjo, amarga ing kana akeh masyarakat sing isih mbudayakake masakan khas daerah iki. Saben dina ana wae sing pesen, nganti para pelaku usaha terus-terusan nggawe lan masarke  tekan luar Jawa lan luar negeri.

Saiki, yen wong manca wae seneng karo masakan Indonesia, mosok wong Indonesia dhewe malah ora doyan? Rak kleru to? Mula saka kuwi, ayo kabeh masyarakat Indonesia bareng-bareng nglestarekake panganan khas daerah, supaya ora ilang ketiban jaman lan tetep dadi kebanggaan bangsa.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

AKSARA JAWA 1. TEKS BERAKSARA JAWA Aksara Jawa minangka sawijining tilaran budaya kang ora bisa diukur regane. Wujud aksara Jawa lan seni panggawene uga dadi sawijine tetilaran kang pantes dilestarekake. Ora mung ing Jawa, aksara Jawa iku uga digunakake ing tlatah Sunda lan Bali, sanajan pancen ana bedane. Nanging aksara Jawa digunakake saemper. Lumrahe aksara Jawa kang disinau iku cacahe ana rong puluh aksara, ana kang ngarani aksara Legena. Aksara Jawa wis oleh pranyatan resmi saka Unicode, lembaga ing sangisore UNESCO. Pranyatan iki diwenehake nalika tanggal 2 Oktober 2009, lan diparingake sawise Ki Demang Sokowaten ing tanggal 9 September 2007 ndhaftar menyang Unicode. Maca wacan kang tinulis aksara Jawa iku kawitan saka ngreteni aksara Jawa, pasangan, lan sandhanganne. Mula saka iku sadurunge putra siswa diparingi materi kang gegayutan karo maca aksara Jawa. Aksara Jawa k n c r k f t s w l p d ...

artikel

1.       Struktur artikel Artikel kasusun saka kadadeyan kang misuwur ing tlatah, banjur dikawitake karo aturan kang ana. Biyasane tulisan artikel isine bab opini panulis kang medharake sawijining prakara tartamtu sing asipat actual lan tarkadhang controversial kanthi tujuwan kanggo menehi pangerten (informative), persuasive, argumentative, lang panglipur kanggo pamaca. Struktur artikel: a.        Judul minangka wakil saka tema kang bakal diandharake b.       Pambuka medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake c.        Penjelas ngandharake saka pokok pikiran utama dadi pikiran penunjang. Saben pokok pikiran penunjang kasebut digawe ing saben pada. Saben pada   dihubungake kanthi jembatan pikiran sing kuat. Hubungan antarane pada bisa asipat; kronologis (wektu), spasial (ruang), kausalitas ( sebab akibat) d.       Pa...

Cerkak "Tuwuhing Katresnan ing Mangsa Rendheng"

Julia bocah wadon saka Desa Pandan dikenal minangka bocah kang nyemanak tumrap tangga-tanggane. Kabeh nduweni penilaian yen Yulia kuwi apikan, seneng weweh, lan ora pilih-pilih kanca. Senadjan dheweke calon dokter, ayu, pinter, lan saka keluarga sing sugih nanging ora sombong. Saben bocah lanang sing kenal Yulia, mesthi  kesengsem.  Saiki wis molai mangsa rendheng. Sabendina udan ora ana lerene. Ing salah sawijining dina, sore meh maghrib Yulia siyap-siyap mangkat menyang masjid. Amarga isih grimis dheweke ora ndang menyang. Grimise saya suwe saya gedhe-gedhe. Wektu iku dheweke lungguhan ing kursi teras omahe sinambi ngenteni udan terang. Tinimbang mung meneng, Qur'an kang diwadahi tas ditokake lan diwaca. Suarane nyaring banget. Ora nggumun, pancen keluargane turunan penyanyi langgam Jawa lan pinter qiro'ah. Lan dheweke tau dadi  juara qiro'ah ing Kecamatan Gentengkali nalika isih SMP biyen. Maca durung tutug, ujug-ujug ana wong uluk salam butuhe melu ngayup, "Assalam...