Jajanan Tradisional: Sunduk Urut
Saiki
akeh para remaja sing wis arang ngerti lan kenal karo jajanan tradhisional.
Jajanan ndesa kayata jemblem, pethola, lepet, rukuk-rukuk, berubi, nganti sunduk
urut saya suwe saya dilalekaké. Kamangka, jajanan iki nduwèni rasa khas lan
cara gawe sing unik banget.
Sunduk
urut iku jajanan
tradhisional saka pohong sing disajèkaké kanthi cara disunduk utawa ditusuk
nganggo sada utawa sunduk sate. Jenengé “urut” amarga nalika mangan kudu diurut
saka pucuk nganti entek.
Bahan
lan Cara Nggawe
Nggawe
sunduk urut sejatine ora angel, mung wae butuh tenaga luwih kanggo marut pohonge.
Mangkene carane:
1. Ngolah Pohong
o Pisanan, pohong dionceki lan
diumbah resik.
o Sawisé iku ditus supaya banyune ora
katut kaolah.
o Pohong banjur diparut nganggo parut
biyasa utawa mesin.
2. Ngadoni Bahan
o Parutan pohong dicampur karo gula,
uyah, lan vanili supaya wangi.
o Adonan banjur dipérang dadi patang
bagian: siji tetep putih, sing telu saben bagian diwernani beda-beda; ana abang, ijo, lan
kuning.
3. Mbentuk adonan dadi bola-bola
o Adonan dibentuk bunder cilik
sakgedhene bal bekel.
o Banjur dicemplungaké ing banyu umep
nganti mateng lan ngambang (kurang luwih 5 menit).
4. Ngabari Klapa Parut
o Bola-bola sing wis mateng dientas,
banjur digulingaké ing klapa parut enom sing wis dikukus lan diwènèhi uyah
sithik supaya rasane luwih gurih.
o Klapa sing dikukus uga njaga supaya
ora gampang mambu.
5. Penyajian
o Bola-bola sing wes mateng banjur
disunduk nganggo sunduk sate utawa sada.
o Sunduk urut siap disajèkaké ing
piring, utawa yen arep didol bisa dibungkus nganggo plastik utawa godhong
supaya resik lan ora dirubung laler.
Rasa
lan Keunikan
Rasa
sunduk urut pancèn ora iso dilalekaké; legi
saka gula, gurih legit saka klapa parut, lan wangi khas saka
vanili. Sapa wae sing tau mangan jajanan iki mesthi kepengin nyoba maneh amarga
rasa lan teksturé sing unik.
Keren ma...
BalasHapusAlhamdulillah, mksh mbk...ditunggu hsl karya mbk amira yang sdh pasti jauh lbh keren
HapusLha kae bunda lia kah.. Wkwkwk... Kirain mbk amira kls x
BalasHapus