Langsung ke konten utama

ARTIKEL JAJANAN TRADHISIONAL SUNDUK URUT

                       Jajanan Tradisional: Sunduk Urut

Saiki akeh para remaja sing wis arang ngerti lan kenal karo jajanan tradhisional. Jajanan ndesa kayata jemblem, pethola, lepet, rukuk-rukuk, berubi, nganti sunduk urut saya suwe saya dilalekaké. Kamangka, jajanan iki nduwèni rasa khas lan cara gawe sing unik banget.

Sunduk urut iku jajanan tradhisional saka pohong sing disajèkaké kanthi cara disunduk utawa ditusuk nganggo sada utawa sunduk sate. Jenengé “urut” amarga nalika mangan kudu diurut saka pucuk nganti entek.

Bahan lan Cara Nggawe

Nggawe sunduk urut sejatine ora angel, mung wae butuh tenaga luwih kanggo marut pohonge. Mangkene carane:

1.  Ngolah Pohong

o    Pisanan, pohong dionceki lan diumbah resik.

o    Sawisé iku ditus supaya banyune ora katut kaolah.

o    Pohong banjur diparut nganggo parut biyasa utawa mesin.

2.  Ngadoni Bahan

o    Parutan pohong dicampur karo gula, uyah, lan vanili supaya wangi.

o    Adonan banjur dipérang dadi patang bagian: siji tetep putih, sing telu saben bagian  diwernani beda-beda; ana abang, ijo, lan kuning.

3.  Mbentuk adonan dadi bola-bola

o    Adonan dibentuk bunder cilik sakgedhene bal bekel.

o    Banjur dicemplungaké ing banyu umep nganti mateng lan ngambang (kurang luwih 5 menit).

4.  Ngabari Klapa Parut

o    Bola-bola sing wis mateng dientas, banjur digulingaké ing klapa parut enom sing wis dikukus lan diwènèhi uyah sithik supaya rasane luwih gurih.

o    Klapa sing dikukus uga njaga supaya ora gampang mambu.

5.  Penyajian

o    Bola-bola sing wes mateng banjur disunduk nganggo sunduk sate utawa sada. 

o    Sunduk urut siap disajèkaké ing piring, utawa yen arep didol bisa dibungkus nganggo plastik utawa godhong supaya resik lan ora dirubung laler.

Rasa lan Keunikan

Rasa sunduk urut pancèn ora iso dilalekaké;  legi saka gula, gurih legit saka klapa parut, lan wangi khas saka vanili. Sapa wae sing tau mangan jajanan iki mesthi kepengin nyoba maneh amarga rasa lan teksturé sing unik.

Dadi, sunduk urut iku jajanan ndesa saka pohong parut sing digodhog, dibentuk bunder, banjur disajèkaké nganggo tusuk lan klapa parut. Jajanan iki ora mung enak, nanging uga minangka warisan kuliner tradisional sing kudu dilestarèkaké.

#Mending nulis tinimbang nganggur# Guru SMAMPOR usil tangane

Komentar

  1. Balasan
    1. Alhamdulillah, mksh mbk...ditunggu hsl karya mbk amira yang sdh pasti jauh lbh keren

      Hapus
  2. Lha kae bunda lia kah.. Wkwkwk... Kirain mbk amira kls x

    BalasHapus

Posting Komentar