Langsung ke konten utama

Cerkak "Tuwuhing Katresnan ing Mangsa Rendheng"

Julia bocah wadon saka Desa Pandan dikenal minangka bocah kang nyemanak tumrap tangga-tanggane. Kabeh nduweni penilaian yen Yulia kuwi apikan, seneng weweh, lan ora pilih-pilih kanca. Senadjan dheweke calon dokter, ayu, pinter, lan saka keluarga sing sugih nanging ora sombong. Saben bocah lanang sing kenal Yulia, mesthi  kesengsem. 

Saiki wis molai mangsa rendheng. Sabendina udan ora ana lerene. Ing salah sawijining dina, sore meh maghrib Yulia siyap-siyap mangkat menyang masjid. Amarga isih grimis dheweke ora ndang menyang. Grimise saya suwe saya gedhe-gedhe. Wektu iku dheweke lungguhan ing kursi teras omahe sinambi ngenteni udan terang. Tinimbang mung meneng, Qur'an kang diwadahi tas ditokake lan diwaca. Suarane nyaring banget. Ora nggumun, pancen keluargane turunan penyanyi langgam Jawa lan pinter qiro'ah. Lan dheweke tau dadi  juara qiro'ah ing Kecamatan Gentengkali nalika isih SMP biyen. Maca durung tutug, ujug-ujug ana wong uluk salam butuhe melu ngayup, "Assalamu'alaikum". Karo mesem Yulia mangsuli salame wong kuwi, "Wa'alaikum salam". Bar mangsuli salam Yulia  nerusake maca Qur'an. Wong ngayup  sing cacahe 3 padha nggatekake Yulia ngaji. Amarga ngenteni udan ora terang-terang, Yulia mlebu omah ora sido menyang masjid lan pamit tumrap wong kang ngayup ing teras omahe. Kabeh padha nggatekake mlebune Yulia. 

Ora suwe sawise Yulia mlebu lan sholat, lawang ana sing ndodog lan ngucap salam. Yulia nyauti salame karo mbukak lawang. Nalika kuwi, tamu sing ndodog takon marang Yulia: "Ngapunten Mbak menawi ngganggu, kula namung badhe tanglet teng pundi masjid ingkang paling celak saking riki?". Jawabe Yulia: "Teng wingking griya kula Mas, nanging margine muter ...ngetan lajeng mangke wonten gang njenengan mlebet ngaler, menawi wonten gang malih njenengan ngilen". Disauti dening wong ngayup mau, "Nggih matur nuwun Mbak. Pareng. Assalamu'alaikum". Kanthi mesem karo ndungkluk Yulia mangsuli salame wong ngayup mau. Yulia mlebu omah karo rada ndredeg dadane. Mbuh ana apa kok ora ana angin ora ana udan kok jantunge kaya meh lugur. Yulia mlaku menyang kamare karo nyekeli dadane.

Ing kamar Yulia terus istighfar bingung apa sabenere kang wis dumadi tumrap awake nalika ana wong ngayup takon masjid. Ora suwe bar iku Yulia krasa rada tenang. Karo teturon, Yulia mikir apa sing lagek kedadean; ngomong-ngomong dhewe, "Ya Alloh, napa ingkang sampun kula raosaken. Nembe niki kados meh semapot dhadha dhag dhig dhug, jantung kados lugur. Ya Alloh,..napa niki kang diarani rasa tresna?. Nanging kok aneh, tuwuh rasa tresna tumrap piyantun ingkang kula dereng tepang?"...Ora let suwe, hpne Yulia muni amarga ditelpon dening ibune sing menyang luar kota karo bapake. Ibune ngendika yen ora sida kondur bengi kuwi. Ibune manti-manti supaya ngati-ati marang sapa wae sing mertamu lan ngunci rapet gerbange. Apa maneh ing mangsa rendheng kabeh tangga padha ing njero omah, embong uga sepi. Sawise ditelpon ibune, Yulia njupuk wudhu lan arep nindakake sholat isya'.  

Bubar sholat isya' Yulia ndonga suwe banget. Mbuh apa sing dijaluk, nanging paling pungkasan dheweke nenuwun marang Alloh kang ana kawitane karo apa sing dirasakake bubar ketemu wong ngayup mau. Lumrah, umure pancen wis 23 tahun lan wis pantes mikirake jodoh kanggo ndampingi uripe. Apa maneh kanggone wong ndesa umur samono rata-rata padha nduwe anak 2. Nanging Yulia yo ora kepikiran banget. Malah sadurunge ketemu wong ngayup mau, Yulia ora tau babar pisan kepikiran bocah lanang. Sing ana ing pikirane piye carane bisa ndang lulus kuliah kanthi cumlaud lan nerusake ing spesialis anak. 

Bar sholat isya' biasane Yulia sinau, nanging bengi kuwi pikirane mung nerawang tumrap wong lanang sing ngayup ing teras omahe. Nganti jam 10 Yulia isih ora karuan pikirane. Dheweke bukak-bukak buku, nanging apa sing diwaca ora bisa dipahami. Akhire bukune ditutup neh lan teturon karo ndonga supaya dheweke bisa kaya biasane lan ora kepikiran sing ora-ora. Amarga wis ngantuk banget, suwe-suwe Yulia keturon. 

Seminggu wis lumaku,..Yulia  menyang toko sebelah omahe butuhe blonjo kabutuhan sabendinane. Amarga ibune isih durung kondur saka luar kota, Yulia kudu bisa nyukupi kabutuhan kanggo uripe dhewe. Nanging kanggone Yulia bab kuwi ora dadi masalah.  Wiwit cilik ibu bapake biasa ndidik Yulia supaya dadi manungsa sing ora gumantung marang liyan. Nalika mulih blonjo lan arep mbuka lawang omah, ing mburine ana wong lanang bagus tenan lan wong liya cacahe loro sing yuswane padha karo bapak ibune mudun saka mobil ngucap salam: "Assalamu'alaikum" lan nemoni Yulia. Yulia mbalikna awake noleh menyang wong-wong  kuwi sinambi mangsuli salam "wa'alaikum salam". Banjur Yulia takon: "Ngapunten, penjengan sinten lan badhe pinanggih sinten?". Karo mesem wong lanang kang isih nom mangsuli,"Kula ingkang nate ngayup nalika maghrib seminggu kepengker. Kula Rohman, punika bapak ibu kula". Ujug-ujug dhadhane Yulia kaya wong kena serangan jantung. Dheweke mung meneng ora bisa ngomong mangsuli senadjan sakecap. Yulia istighfar karo komat-kamit supaya bisa tenang, nanging kayane angel banget. Ora let suwe, ibune Rohman nyalami Yulia lan matur kula ibunipun Rohman. Mbak kagungan asma sinten?" Karo rada gragapan adhem panas Yulia mangsuli, "Kula Yulia, njenengan badhe pinanggih sinten nggih. Kula kok nembe kepanggih njenengan sakniki". Tamu-tamu kuwi ora ndang mangsuli pitakone Yulia. Kabeh mung mesam-mesem wae karo nyawang Yulia sing kaya wong bingung lan salah tingkah. Rada suwe Yulia lagek ngaturi pinarak tamune ing kursi teras.  

Ing kursi teras, ibune Rohman matur yen dheweke kanca SMA ibune Yulia, asmane Ratih Andarini. Amarga matur yen kanca sekolah ibune, Yulia nelpon ibune butuhe kanggo mastekake apa yo bener sing diomongake dening ibune Rohman kasebut. Nalika iku Yulia yo kelingan banget pesen ibune supaya tansah ngati-ati tumrap sapa wae sing mertamu ing omahe. Yulia pamit mlebu marang tamune. Dheweke telpon ibune ing ruwang tamu. Nalika telpon, ibune kepingin mastekake apa yo bener tamu sing rawuh ing omahe kuwi; Ratih kanca sabangkune nalika SMA. Vidcal diuripi, hpne Yulia diaturake marang Bu Ratih. Durung nganti ngucap salam lan lagek weruh pasuryane Bu Ratih, ibune Yulia ndadak ngguyu rada seru karo ngucap alhamdulillah. Ibu lan Bu Ratih ngobrol rada suwe ndungkapake rasa kangene kang suwe banget ora ketemu. Wektu iku atine Yulia seneng banget lan rada tenang, nanging uga rada nggumun amarga apa sing kedadean kok yo kaya drama wae. Amarga ibune lan Bu Ratih kanca kentele, Yulia minarakake Rohman, ibu, lan bapake ing ruwang tamu, banjur pamit menyang mburi sedhela. 

Ora suwe Yulia bali ing ruwang tamu karo nggawa suguhan. Yulia mung bisa meneng wae lan ora ngucap kejaba  nalika mangsuli pitakon bapak ibune Rohman. Nalika Bu Ratih crita akeh-akeh ngenani kekancane karo ibune Yulia, Rohman nyelah butuhe takon nomer hpne Yulia lan ibune, "Mbak Yulia kula saged diparingi nomer hp njenengan kaliyan ibu nggih?" Yulia mangsuli: "Ngapunten kula paringi nomer hp ibu mawon nggih, kula mboten sekeca nembe tepang kok maringi nomer hp". Jarene Rohman,"Nggih mboten punapa, ingkang paling penting ibu saged sesambungan kaliyan ibu panjenengan". Sasuwene 1/2 jam Rohman lan ibu bapake akhire pamit kondur sinambi nyerahake oleh-oleh sing akeh banget lan matur sok mben arep tindak omahe Yulia neh yen bapak ibune wis rawuh. Yulia karo mesem manthuk-manthuk ngiyane apa sing diaturake Bu Ratih. Ibune Rohman matur yen kepingin bisa nyambung seduluran salawase karo keluarga Yulia. Nalika iku Yulia mung bisa manthuk ngiyani wae. Banjur kabeh ngucap salam meh bareng lan mlebu mobil. 

Sawise tamu-tamu padha kondur, Yulia mesam-mesem dhewe ing ruwang tamu karo ngatur ambegan sing rasane rada sesek amarga apa sing dirasakake tumrap Rohman. Yulia ngomong-ngomong dhewe,"alhamdulillah punapa ingkang kula suwun Panjengan kabulaken Ya Alloh". Kanthi sujud syukur Yulia ora leren-leren ngucap alhamdulillah. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

AKSARA JAWA 1. TEKS BERAKSARA JAWA Aksara Jawa minangka sawijining tilaran budaya kang ora bisa diukur regane. Wujud aksara Jawa lan seni panggawene uga dadi sawijine tetilaran kang pantes dilestarekake. Ora mung ing Jawa, aksara Jawa iku uga digunakake ing tlatah Sunda lan Bali, sanajan pancen ana bedane. Nanging aksara Jawa digunakake saemper. Lumrahe aksara Jawa kang disinau iku cacahe ana rong puluh aksara, ana kang ngarani aksara Legena. Aksara Jawa wis oleh pranyatan resmi saka Unicode, lembaga ing sangisore UNESCO. Pranyatan iki diwenehake nalika tanggal 2 Oktober 2009, lan diparingake sawise Ki Demang Sokowaten ing tanggal 9 September 2007 ndhaftar menyang Unicode. Maca wacan kang tinulis aksara Jawa iku kawitan saka ngreteni aksara Jawa, pasangan, lan sandhanganne. Mula saka iku sadurunge putra siswa diparingi materi kang gegayutan karo maca aksara Jawa. Aksara Jawa k n c r k f t s w l p d ...

artikel

1.       Struktur artikel Artikel kasusun saka kadadeyan kang misuwur ing tlatah, banjur dikawitake karo aturan kang ana. Biyasane tulisan artikel isine bab opini panulis kang medharake sawijining prakara tartamtu sing asipat actual lan tarkadhang controversial kanthi tujuwan kanggo menehi pangerten (informative), persuasive, argumentative, lang panglipur kanggo pamaca. Struktur artikel: a.        Judul minangka wakil saka tema kang bakal diandharake b.       Pambuka medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake c.        Penjelas ngandharake saka pokok pikiran utama dadi pikiran penunjang. Saben pokok pikiran penunjang kasebut digawe ing saben pada. Saben pada   dihubungake kanthi jembatan pikiran sing kuat. Hubungan antarane pada bisa asipat; kronologis (wektu), spasial (ruang), kausalitas ( sebab akibat) d.       Pa...