Langsung ke konten utama

artikel



1.      Struktur artikel
Artikel kasusun saka kadadeyan kang misuwur ing tlatah, banjur dikawitake karo aturan kang ana. Biyasane tulisan artikel isine bab opini panulis kang medharake sawijining prakara tartamtu sing asipat actual lan tarkadhang controversial kanthi tujuwan kanggo menehi pangerten (informative), persuasive, argumentative, lang panglipur kanggo pamaca.
Struktur artikel:
a.       Judul minangka wakil saka tema kang bakal diandharake
b.      Pambuka medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake
c.       Penjelas ngandharake saka pokok pikiran utama dadi pikiran penunjang. Saben pokok pikiran penunjang kasebut digawe ing saben pada. Saben pada  dihubungake kanthi jembatan pikiran sing kuat. Hubungan antarane pada bisa asipat; kronologis (wektu), spasial (ruang), kausalitas ( sebab akibat)
d.      Panutup medharake dudutan saka andharan-andharan sing ana ing saben pada penjelas.

2.      Jinis artikel miturut isine, yaiku:
a.       Deskripsi minangka jinis artikel kang nggambarake sawijining bab utawa perkara kang kadadeyan ing masyarakat supaya bisa dingerteni kadadeyan  satemene.
b.      Narasi / crita  minangka jinis artikel kang medharake / nyritakake kadadeyan tartamtu la nana unsure-unsur critane, kayata: tema, alur, latar, paraga, sarta watake, lan amanat utawa pesen moral.
c.       Argumentasi  minangka jinis artikel kang isine medharake bab-bab kang menehi panemu kanthi alasan kanggo nguatake utawa nolak pendapat tartamtu
d.      Eksposisi minangka jinis artikel kang medharake babagana tartamtu kanthi tujuwan menehi tambahan ilmu kanggo para pamaca.
e.       Persuasi minangka jinis artikel kang asipat ngajak / mbujuk pamaca supaya numindakake apa kang ditulis dening panulis

Jinis artikel miturut cara nyampekake lan tingkat angele kaperang dadi 4, yaiku:
a.       Artikel praktis
b.      Artikel ringan
c.       Artikel halaman opini
d.      Artikel analisis ahli

3.      Isi artikel
Warta yaiku katrangan / laporan / bab kadadeyan kang isih anget, kang dadi rerasaning wong akeh. Warta  iku nduweni informasi kang migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungakake. Mula kuwi, anggone maca sawijining warta kudu kanthi titis, nggatekake kedal, lagu, lan pangucapane kang trep. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungakake anggone maca kudu nganggo sikep kang bener.

4.      Ngringkes Isine Artikel
Bab-bab kang kudu digatekake nalika ngringkes salah sawijining wacan, yaiku:
a.       Wacan kang  arep diringkes diwaca kanthi premati supaya oleh gegambaran isine wacan.
b.      Nyathet bab-bab kang wigati saka wacan.
c.       Bisa nggathukake bab-bab kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.
d.      Bab-bab kang wigati dikembangake dadi ringkesan migunakake basane dhewe.

5.      Nulis Artikel
Carane nulis artikel:
a.       Temtokna tema kang bakal ditulis
b.      Judul bisa ditemtokake dhisik bisa uga ditemtokake ing mburi
c.       Nyusun alinea kang kapisan
d.      Tema diandharake ing alinea-alinea
e.       Gaya panulisan uga digatekake
f.       Golek data utawa referensi kang ana gegayutane karo babagan sing arep ditulis
g.      Gawe dudutan ing alinea pungkasan utawa panutup

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

AKSARA JAWA 1. TEKS BERAKSARA JAWA Aksara Jawa minangka sawijining tilaran budaya kang ora bisa diukur regane. Wujud aksara Jawa lan seni panggawene uga dadi sawijine tetilaran kang pantes dilestarekake. Ora mung ing Jawa, aksara Jawa iku uga digunakake ing tlatah Sunda lan Bali, sanajan pancen ana bedane. Nanging aksara Jawa digunakake saemper. Lumrahe aksara Jawa kang disinau iku cacahe ana rong puluh aksara, ana kang ngarani aksara Legena. Aksara Jawa wis oleh pranyatan resmi saka Unicode, lembaga ing sangisore UNESCO. Pranyatan iki diwenehake nalika tanggal 2 Oktober 2009, lan diparingake sawise Ki Demang Sokowaten ing tanggal 9 September 2007 ndhaftar menyang Unicode. Maca wacan kang tinulis aksara Jawa iku kawitan saka ngreteni aksara Jawa, pasangan, lan sandhanganne. Mula saka iku sadurunge putra siswa diparingi materi kang gegayutan karo maca aksara Jawa. Aksara Jawa k n c r k f t s w l p d ...

Cerkak "Tuwuhing Katresnan ing Mangsa Rendheng"

Julia bocah wadon saka Desa Pandan dikenal minangka bocah kang nyemanak tumrap tangga-tanggane. Kabeh nduweni penilaian yen Yulia kuwi apikan, seneng weweh, lan ora pilih-pilih kanca. Senadjan dheweke calon dokter, ayu, pinter, lan saka keluarga sing sugih nanging ora sombong. Saben bocah lanang sing kenal Yulia, mesthi  kesengsem.  Saiki wis molai mangsa rendheng. Sabendina udan ora ana lerene. Ing salah sawijining dina, sore meh maghrib Yulia siyap-siyap mangkat menyang masjid. Amarga isih grimis dheweke ora ndang menyang. Grimise saya suwe saya gedhe-gedhe. Wektu iku dheweke lungguhan ing kursi teras omahe sinambi ngenteni udan terang. Tinimbang mung meneng, Qur'an kang diwadahi tas ditokake lan diwaca. Suarane nyaring banget. Ora nggumun, pancen keluargane turunan penyanyi langgam Jawa lan pinter qiro'ah. Lan dheweke tau dadi  juara qiro'ah ing Kecamatan Gentengkali nalika isih SMP biyen. Maca durung tutug, ujug-ujug ana wong uluk salam butuhe melu ngayup, "Assalam...