Rempah-rempah lan Masakan Khas Indonesia Indonesia wis kondang ing masyarakat manca amarga sugih rempah-rempah. Kayata merica, ketumbar, pala, kunir, jahe, laos, lan liya-liyane. Amarga sugih rempah kasebut, para leluhur jaman biyen wis biasa masak nganggo bumbu alami saka rempah-rempah mau. Ora ana wong sing ora ngerti enake masakan Indonesia. Apa maneh para turis manca negara, saben teka menyang Indonesia mesthi ora tau nglalekna panganan khas Nusantara, upamane rawon, soto, pecel, daging bumbu lapis, bakso, rendang, lan sapanunggalane. Menawa Surabaya dikenal karo rawon lant ahu campur, kepriye karo Yogyakarta? Sapa sing tau menyang Kutha Yogyakarta ? Lha kae mesthi ngerti panganan khasé kang diarani gudeg . Gudeg digawe saka woh nangka enom sing diiris tipis-tipis, banjur diumbah lan digodhog nganggo santen lan bumbu rempah pilihan . Rasane gurih, legi, lan wangi khas santen areh. Sepisan mangan, mesthi marakna kangen. Dudu amarga nyandu, nanging rasane pancen ngange...
Jajanan Tradisional: Sunduk Urut Saiki akeh para remaja sing wis arang ngerti lan kenal karo jajanan tradhisional. Jajanan ndesa kayata jemblem, pethola, lepet, rukuk-rukuk, berubi, nganti sunduk urut saya suwe saya dilalekaké. Kamangka, jajanan iki nduwèni rasa khas lan cara gawe sing unik banget. Sunduk urut iku jajanan tradhisional saka pohong sing disajèkaké kanthi cara disunduk utawa ditusuk nganggo sada utawa sunduk sate. Jenengé “urut” amarga nalika mangan kudu diurut saka pucuk nganti entek. Bahan lan Cara Nggawe Nggawe sunduk urut sejatine ora angel, mung wae butuh tenaga luwih kanggo marut pohonge. Mangkene carane: 1. Ngolah Pohong o Pisanan, pohong dionceki lan diumbah resik. o Sawisé iku ditus supaya banyune ora katut kaolah. o Pohong banjur diparut nganggo parut...