Isuk nalika srengenge molai mlethek, kanthi kesusu aku mangkat makarya. Kaya biyasane, sadurunge briefing aku tansah mbukak laptop lan nyiapi perangkat ngajarku. Banjur tumuju ruang perpustakaan butuhe ngaji bareng kanca-kanca seperjuangan. Kuwi tujuane supaya entuk berkah lan diwenehi lancar dening Allah Kang Maha Kuasa olehe kita mulang uga ndhidhik para siswa. Bubar ngaji BuPala nggagas perangkat mulang..ngelingake tugas lan kewajiban para guru. Pancen angel, menawa bayaran njaluk pas wektu. Ananging yen ngenani penggawean mesthi semaya. Kok yo iso tumindak kaya mengkono iku lho. Durung nganti rampung olehe BuPala ngendika ... Ana kang matur,..nggen kula kantun ngprint mawon kok. Tak sambung olehku mangsuli. Kadose ingkang sampun ngempalaken wonten 4; Bu A, Bu B, Bu C, lan kula piyambak. Nyelethuk sawijining guru matur..."Kula sampun kok ..pun dangu kula kempalaken. Kayane durung ditapak asma dening BuPala. Mula BuPala ora menehi panegasan menawa guru kasebut ...