Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2021

Cerkak "Mangan Sega Berkat"

 Wayah bengi hawane adhem banget, ing batinku: waduh rasane enak banget yen ana wong neri panganan anget-anget apa maneh weteng wis kemrucuk. Ora let suwe wektu iku ujug-ujug ana sedulur sing ngeteri sega berkat. Alhamdulillah rejeki, kabeh sing ana ing omah dak undang dak ajak mangan bareng.  Nalika sega berkat dibuka,..wih ana lawu pitik dibumbu abang, oseng buncis, ndog asin, lan perkedel. Terus ing kerdos sijine ana rukuk-rukuk, apem, apel, pear, jeruk, lan gedhang. Jan buah karo jajane gedhe-gedhe tenan. Berkat saka ndesa pancen ora ana sing mini, kabeh sarwa gedhe lan marakno tumrap marem sapa wae sing mangan.  Mangan sega berkat mbok menawa ana barokahe dhewe, rasane enak banget tur maregi. Apa maneh ing kono disediani teh pucuk, wiiih tambah sip ae mangane. Aku miwiti mangan segane karo oseng buncis lan perkedele,...beda rasane kaya berkat sing biasane dak pangan. Lagek mangan sak pulok, aku ngomentari panganan kasebut, "Bumbune jan krasa tenan, gurih, sedhep, man...

Cerkak "Tuwuhing Katresnan ing Mangsa Rendheng"

Julia bocah wadon saka Desa Pandan dikenal minangka bocah kang nyemanak tumrap tangga-tanggane. Kabeh nduweni penilaian yen Yulia kuwi apikan, seneng weweh, lan ora pilih-pilih kanca. Senadjan dheweke calon dokter, ayu, pinter, lan saka keluarga sing sugih nanging ora sombong. Saben bocah lanang sing kenal Yulia, mesthi  kesengsem.  Saiki wis molai mangsa rendheng. Sabendina udan ora ana lerene. Ing salah sawijining dina, sore meh maghrib Yulia siyap-siyap mangkat menyang masjid. Amarga isih grimis dheweke ora ndang menyang. Grimise saya suwe saya gedhe-gedhe. Wektu iku dheweke lungguhan ing kursi teras omahe sinambi ngenteni udan terang. Tinimbang mung meneng, Qur'an kang diwadahi tas ditokake lan diwaca. Suarane nyaring banget. Ora nggumun, pancen keluargane turunan penyanyi langgam Jawa lan pinter qiro'ah. Lan dheweke tau dadi  juara qiro'ah ing Kecamatan Gentengkali nalika isih SMP biyen. Maca durung tutug, ujug-ujug ana wong uluk salam butuhe melu ngayup, "Assalam...