Jajanan Tradisional: Sunduk Urut Saiki akeh para remaja sing wis arang ngerti lan kenal karo jajanan tradhisional. Jajanan ndesa kayata jemblem, pethola, lepet, rukuk-rukuk, berubi, nganti sunduk urut saya suwe saya dilalekaké. Kamangka, jajanan iki nduwèni rasa khas lan cara gawe sing unik banget. Sunduk urut iku jajanan tradhisional saka pohong sing disajèkaké kanthi cara disunduk utawa ditusuk nganggo sada utawa sunduk sate. Jenengé “urut” amarga nalika mangan kudu diurut saka pucuk nganti entek. Bahan lan Cara Nggawe Nggawe sunduk urut sejatine ora angel, mung wae butuh tenaga luwih kanggo marut pohonge. Mangkene carane: 1. Ngolah Pohong o Pisanan, pohong dionceki lan diumbah resik. o Sawisé iku ditus supaya banyune ora katut kaolah. o Pohong banjur diparut nganggo parut...