Sawise sholat subuh aku nginguk ing njaba omah. Pedhut isih kandel, langite katon peteng banget, lan hawane adhem njedhidhing. Nalika cendhela omah dibukak rasane seger. Ora bisa dibayangake menawa ana ing dhaerah pegunungan kepiye rasane. Uuh, pikiran dadi plong, dadi lali pakaryan sakambreg sing durung dirampungake. Saka kadoan aku krungu swara manuk sing ting cruit. Cit..cit…cit..cuit…saut-sautan, apik tenan kaya swarane music. Ing taman mulai katon kupu padha menclok ing dhuwure kembang. Rupane warna-warni; ana sing ireng semu coklat, ireng semu oranye, ireng semu abang, ireng semu ungu lan ijo, lan liya-liyane. Suwiwine katon ngawe-awe kaya bocah cilik sing lagi nari. Ora mung kuwi, kupu-kupu kuwi kaya padha omong-omongan karo kancane, ora kal...